Pertiwiku, Kujehe?
P E R T I W I
Kujehe
pertiwi sugih
Kujehe
pertiwi endah
Kujehe
pertiwi surgane dunya
Kujehe
pertiwi sugih bahasa
Kujehe
pertiwi ragam bahasa
Kujene, iku pertiwiku!
Pertiwiku sugih
Sugih bencana, sugih tikus, sugih…
Kujehe, iku pertiwiku?
Saking sugih
Mung bisa gembar-gembor
Nalika dijungkir walik negara liya
Kujehe, iku pertiwiku?
Saking mbludake tangan luma
Ngemis dadi agama
Kujehe, iku pertiwiku?
Saking mbludake tangan nganggur
Dak kirim kanggo nyangking ember
ing negara liya
Alih-alih mulih dadi getih
Kujehe, iku pertiwiku?
Kujehe.
Kujehe!
Kujehe?
Kujehe!?
Kujehe sapa?
Pertiwiku, ora urip mung kujehe.
dzatu himmah
Tidak ada komentar:
Posting Komentar