Senin, 28 April 2014

gurit.Luwih becik

Luwih becik
Luwih becik aku ora pinter
Yen ta, pinterku kaya alat printer
Mung bisa ngeprint
Tanpa bisa milah endi salah lan bener

Luwih becik aku ora sugih
Yen ta sugihku gawe aku sumugih
Gawe aku ora sumeh

Luwih becik aku ora bisa
Nanging aku iseh gelem maca
Manut marang wong tua lan agama

Luwih becik aku dadi wong biasa
Yen ta dadi panggawa negara
Nung bisa dadi durjana marang liya

Luwih becik aku ora ngerti apa-apa


Tidak ada komentar:

Posting Komentar