SEDULUR YA
SEDULUR
Sedulur ya sedulur
Nalika mangan ya padha mangan
Nanging,
Nalika susah ora gelem padha mikire
Geleme pek enake dhewe
Sedulur ya sedulur
Nalika ana duwit padha senenge
Ngrubung kaya kucing
Sing diwenehi ndas iwak asin
Mung pek bungahe dhewe
Nalika sekarat ya padha sumingkire
Sedulur ya sedulur
Nalika mati ya tetep dhewe
Tidak ada komentar:
Posting Komentar