Rabu, 18 Desember 2013

geguritan

Apa Kowe Wis Lega?
ST. IESMANIASITA

Aku turuning pujangga
bisa nyipta Palgunadi & Anggrahini
bisa nyipta Panji & Candrakirana
bisa nyipta edining kuncup melati
jingga tuwin aruming ludira.

O, jaman Kanwa
jaman Sedah
pepuspan amrik
mekar endah.

Leluhurku
urip ing saben jaman
ngelik sesindhenan ing padesan
lan ngumbara urut pasisir
nasak wana salumahing bawana.
rungokna
rungokna....

O, sumitra,
apa sliramu wis lega
sesindhenan lagu warisan??





Dayaning Sastra
R. Intaya

Tembung kang ginantha lelarikan
tinata binaris kadya bata
sinambung pinétung manut ukuran
déné banjur kasinungan daya.

Kumpulé bata dadi yayasan
awèh nggon apik, brukut, santosa
ngepénakaké wong urip bebrayan
samana dayané bata tinata.

Gegedhongan tembung kang mawa isi
katiyasané ngungkul-ungkuli
wohing laku, pamikir lan pangrasan
para empu, pujangga, sarjana

Simpen, ginebeng ing gugubahan
mawindu-windu dadi turutan.











”Kowe Wis Lega?” dan terjemahannya oleh Widati (2004:67)

Aku turuning pujangga
bisa nyipta Palgunadi & Anggrahini
bisa nyipta Panji & Candrakirana
bisa nyipta edining kuncup melati
jingga tuwin aruning ludira.

O, jaman Kanwa
jaman Sedah
pepuspan amrik
mekar endah.

Leluhurku
urip ing saben jaman
ngelik sesindhenan ing padesan
lan ngumbara urut pasisir
nasak wana salumahing bawana.
rungokna
rungokna....

O, sumitra,
apa sliramu wis lega
sesindhenan lagu warisan??
(Panjebar Semangat, 2 Februari 1954)

Sudah Puaskah Engkau?
Aku keturunan Pujangga
dapat menciptakan Palgunadi & Anggraini
dapat menciptakan Panji & Candrakirana
dapat cerita indahnya kuncup melati
jingga dan harumnya darah

O, zaman Kanwa
zaman Sedah
bunga-bunga menarik
mekar indah

Leluhurku
hidup sepanjang zaman
mengalun menembang
di pedesaan
dan mengembara di sepanjang pantai
menembus hutan di seluruh (muka) bumi
dengarkan, dengarkan..........

O, kawan
apakah engkau sudah puas
menembangkan lagu warisan?
























Tidak ada komentar:

Posting Komentar