Selasa, 17 Desember 2013

Paramasastra basa Jawa
Paramasastra iku ngèlmu tata basa lan sastra, utamané basa Jawa. Wis akèh kitab kang nganggo irah-irahan "Paramasastra" kang dianggit déning sawetara pujangga. Tembung iki dijupuk saka parama (tata basa) lan sastra. Tata basa Jawa akeh njupuk seka Sansekerta. Tata basa iki katurunaké manèh déning Panini. Ing jaman Jawa anyar, Ranggawarsita uga gawé Serat Paramasastra Jawi kang umumé digunaaké saiki.
Konsèpsi dhasar
Tata pikir wong Jawa wiwit jaman biyèn wis ngenali anané "cipta-rasa-karsa". Dhèskripsi filsafat bab basa dumadi saka tataran "madubasa-madurasa-madubrata" sing nyakup "purwa-madya-wasana". Madubasa, kuwi kawruh bab sopan-santun lan adat-istiadat nalika migunakaké basa. Madurasa, kuwi ngenani tepasalira, tepa-tepi, unggah-ungguh, éguh-tangguh, tuju-panuju, empan-papan, kala-mangsa lan duga-prayoga. Déné madubrata, ngenani bab éling lan waspada, nawung kridha lan pangastuti.[1]
Struktur basa
Minangka alat komunikasi, stuktur basa Jawa katata jroning aksara lan tembung sing karangké dadi ukara, kanthi migatèkaké paugeran kang gumathok miturut konsèpsi dhasar ing dhuwur. Kanggo milah struktur basa kanthi luwih jero dipigunakaké sawetara èlmu sing tansah dipatrapaké nalika nyinau basa, yakuwi antara liya:
Undha-usuk basa
Nalika cecaturan nganggo basa Jawa, ora mung kudu migatèkaké kaidah basa, nanging uga kudu miturut unggah-ungguhing basa, yakuwi kudu ngetrapaké tataran basa sing cocog marang wong sing diajak wicara. Marang sepadha-padha utawa kanca saumuran, bisa dianggo tataran basa ngoko. Nanging marang wong sing luwih tuwa utawa kinurmatan, kudu nganggo tataran basa krama.
------------------
Sastra iku sawijing tembung silihan saka Basa Sansekerta; "śāstra", sing tegese "tulisan" utawa "buku", saka tembung dasar "śās-" sing tegese "weruh". Ing basa Jawa, tembung iki biasane dienggo ngarani "kasusastran" utawa sajinising tulisan sing nduwe arti utawa kaendahan tartamtu. Ananging, tembung "sastra" ugi bisa ngarani kabeh jinis tulisan, apa iki endah apa ora. Karya sastra ugi dipungginakaken kagem media mratelaaken pengalaman panggangit. Ukara, tembung, lan basa ingkang dipunginaaken dening panganggit punika basa ingkang endah saengga dadosaken raos remen kagem tiyang ingkang maos. Prastawa-prastawa ingkang dipunangkat panggangit boten namung prastawa ingkang sae kemawon ananging ugi prastawa ingkang awon wontening salebeting carios. Ananging saking carios éndah utawi awon punika kita saged mundhut sari pathinipun. Pangganggit ugi saged mangaribawa kabudayan masyarakat tertemtu ing salebeting karya sastra ingkang dipunanggit, kadosta pola pikir masyarakat.
Saliyane iku, tembung sastra bisa dibagi dadi sastra tulis karo sastra lisan (sastra oral). Neng kene sastra ora akeh gathuke karo tulisan, nanging gathuke karo Basa sing didadekake wahana kanggo mengekspresikan pengalaman atau pemikiran tertentu.
Biasane kasusastran dibagi miturut daerah geografis utawa basa.

Kasusastran Jawi ingkang adiluhung mujudaken asiling budi daya lan karsanipun para leluhur.
Kasusastran inggih menika sakathahing karya adi luhung ingkang sinerat mawi basa ingkang edi-endah. Dene menawi kasusastran Jawi menika kagunan ingkang ngrewat kaendahaning basa Jawi tur ingkang dumadi ing Tanah Jawi. Manut wekdal gumelaripun, kasusastran Jawi kapantha dados 3 perangan, inggih menika :
  1. Kasusastran Jawi Kina (Jawa Kuna), ingkang kababar ngantos dumugi ing taun 1400M.
Nalika semanten ing jaman Karaton Kediri tuwin Majapahit (ingkang punjeripun ing Jawi Wetan). Dene buku-bukunipun karipta dening para Empu arupi kidung/ kekawin, ingkang kasebat basa Jawi ing antawisipun :
  1. Negarakertagama, anggitanipun Empu Prapanca
  2. .Arjunawiwaha, anggitanipun Empu Kanwa.
  3. Kasusastran Jawi Tengahan, ingkang kedadosan wonten ing Jawi Tengah, Jawi Wetan tuwin ing Bali (taun 1400 M dumugi taun 1750 M),inggih menika ing jaman Kraton Demak, Pajang tuwin Mataram. Buku-bukunipun wonten ingkang arupi kidung wonten ingkang gancaran (prosa). Antawisipun :
    1. Tantri Kamandaka
    2. Pararaton
    3. Kasusastran Jawi Enggal, (wiwit taun 1750 M ngantos sakmenika)
3. Kasusastran Jawi Enggal dumadosanipun wiwit madegipun Kraton Surakarta (pindhahan saking Kartasura). Buku-bukunipun wonten ingkang mawi sekar Macapat wonten ingkang arupi gancaran. Antawisipun :
  1. Serat Wulangreh, dening Paku Buwana IV, (Macapat).
  2. Serat Riyanto, deening R.B. Sulardi, (Gancaran).
Wohing Kasusastran Jawi Jaman Surakarta wonten warni kalih inggih punika :
1). Awujud Gancaran ( Prosa )
2). Awujud Sekar (Puisi). Anggitan ingkang awujud sekar kaperang dados tiga
  1. Sekar Ageng
  2. Sekar Tengahan
  3. Sekar macapat
----------------------
Sastra pedhalangan
Sastra pedhalangan mangrupi rekabasa sastra sing diangge para dhalang neng pakeliran. Jenis sastra pedhalangan saged diperang dados wolung perkawis, yaiku suluk pelungan utawi murwa, janturan utawi nyandra, pocapan, suluk, ginem utawi antawacana, lelagon, swara, lan carita.
Suluk
Suluk pelungan utawi murwa mangrupi suluk bubuka pakeliran sing ditembangke ki dhalang neng wiwitan pakelirane. Pelungan kalebet salah sawiji jenis puisi pedhalangan. Suluk pelungan dados ciri khas pedhalangan Jawi Wetanan, lan suluk murwa dados ciri khas pedhalangan Jawi Kilen. Pedalangan Jawi Tengah boten ngangge suluk pelungan utawi murwa, bubukane ngangge janturan jejer. Conto suluk pelungan Jawi Wetanan ing ngandhap niki pinetik saka "Serat Wewaton Padhalangan Jawi Wetanan" anggitan Soenarto Timoer:
Sun miwiti andhalang. Wayangingsun minangka bambang paesan, kelire jagad dumadi, larapan naga papasehan, pracik tapeling jagad gumelar, yana drojog sangga bawana. Ligan rajeg wesi, blencong kencana, urube luber kadya Hyang Bathara Surya, Kothaking wayang kayu cendhana sari. Tutuping dhuwur kadya kusuma, kepyake gelap angampar....
Jenis suluk liyane sendhon, gregetsaut, lan ada-ada. Sendhon menika suluk kangge nggambaraken kahanan sedihing ati. Gregetsaut suluk kangge nggambaraken muntabing ati. Ada-ada suluk kangge mggambaraken kahanan ingkang mirisi.
Janturan
Janturan mangrupi paparan cerita ngangge basa prosa utawi gancaran dhalang kangge nyariyosake jejer utawi adhegan siji negari, kahanan panggonan, watek wayang, lan perkawis sing dirembag ngangge iringan gamelan. Conto janturan ing ngandhap kapetik saking "Janturan lan Pocapan Ringgit Purwo" ingkang kahimpun dening Anom Sukatno:
Swuh rep data pitana. Hanenggih negai pundi ta ingkang kaeka adi dasa purwa. Eka marang sawiji, adi linangkung, dasa sepuluh, purwa marang wiwitan. Sanadyan kathah titahing dewa ingkang sinangga ing pertiwi, kinasongan ing akasa, kinapit samodra racak sami anggana raras, nanging datan kadya ingkang ginupit ing dalu mangke, ingkang sinebat Negari Hastina, inggih Gajahoya, Limanbenawi....
Pocapan
Pocapan mirip sareng janturan nanging boten ngangge iringan gamelan, namung ngangge iringan dhodhogan cempala. Conto pocapan ing ngandhap kapetik saking "Serat Pedhalangan Lampahan Wirotho Parwo" anggitanipun Ki Purwadi:
Lah ing kana ta wau, samya geder bantah binantah katungka praptaning nalendra Trigarta, Prabu Susarma ingkang minggah ing Sitihinggil nagari Ngastina tranyak-tranyak pindha sata ngupadi boga.
Antawacana
Antawacana utawi gineman, yaiku caturan wayang neng sajeroning adhegan. Antawacana sami kaliyan dialog neng drama, bentene dialog drama dicaturake tiyang kathah, nanging antawacana dicaturaken dhalang piyambak. Kangge antawacana wayang, dhalang kedhah saged ngolah wanda swarane supados benten kaliyan caturan wayang-wayang piyambak-piyambak. Bentenipun wanda swara wonten ing basa lesan; kangge basa tulis dipun bentenaken ngangge nami wayang lan logat caturan tulisane.
KRESNA: Eladalah, Yayi, Yayi Setiaki.
SETIAKI: Kula nun.
KRESNA: Kakang Patih Udawa.
UDAWA: Lo, lo, lo, Hahahah… pun kakang Patih Udawa.

Lelagon
Lelagon mangrupi Tembang sing biasane ditembangke Pesindhen utawi waranggana lan wiraswara. Nanging lelagon ugi kalebet rumpaka dhalang yaiku, lelagon sing diangge neng limbukan utawi dagelan. Panakawan biasane guyonan sareng lelagon. Sekar-sekar sing kulina diangge neng gara-gara kathah jenise, wiwit saka sekar-sekar klasik ngantos lagu-lagu modern.
Swara
Saliyane suluk, janturan, antawacana,lan lelagon, sastra pedhalangan ugi ngangge swara kangge nyarengi sabetan neng adhegan bandayuda okol begalan pati. Swara saged mangrupi sautan, adhuhan, lelaran lan onomatopia. Swara neng adhegan bandayuda pakeliran wayang dados luwih rame lantaran diiringi ngangge gamelan sing saluyu kaliyan adhegane. Ewadene swara neng basa tulis saged ngangge teknik tatatulis komik. Conto swara basa tulis neng andhap dicatet saka Lakonet garapan Ki Harsono Siswocarito:
“Khhk-cuah! Buta edan!”—(Clap!)—“Ciiaatt!”—(Jder!) Adujotos atos! (Bet!)—“Hih!”—(Dez! Dig! Bugh!)—“Hegkh!”—(Bruk!)
“Ayo ngadheg, Dewa!” + “D-du-uh… tob-ba-at….”
Didupak galak! (Brak!)—“Aakkhh!”
“Ayo maju, Dewa!” + “Wani karo Brama?” + “Brama? O, iki jago Deksinapati: Dewa api kok kakubeku? Ayo maju! Heaah!”—(Clap!) Serbutinju (Bugh!) dupakgalak (Blak!)—“Rasakena dewa—heaah!”—(Blar!) keplaktelak! “Tobaatt!”
Carita
Carita sastra pedhalangan saged kaimpun ing carita pakem, gubahan, lan carangan. Carita pakem yaiku carita sing saluyu sareng kitab-kitab pawayangan kados Mahabharata, Ramayana, Pustaka Rajapurwa, lan liya-liyane. Carita gubahan yaiku carita ingkang sampun dipun rekacipta saluyu sareng jamane. Carita carangan mangrupi carita gagrag anyar sing anggitane saluyu sareng sastra pedhalangan gagrak anyar.
Tamtu sastra pedhalangan luwih maneka warna. Ing Tatar Sunda wonten Wayang golek gaya Bandung, gaya Bogor, sareng gaya Cirebon. Ing DKI wonten gaya Betawi. Ing Jawa Tengah wonten Wayang Kulit gaya Surakarta, gaya Yogyakarta, sareng gaya Banyumas. Ing Jawa Timur wonten gaya Jawi Wetanan. Ing luwar Jawa, wonten wayang kulit gaya Bali, gaya Banjar neng Kalimantan, gaya Sasak neng Nusa Tenggara. Sedaya punika dados tandha kabinekaanipun sastra pedhalangan Indonesia.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar