Ayumu Jebul Ora Tulus
Jaman saiki, wong lelungan yen ora nduwe kendharaan
dhewe jan rekasa. Yen mung jarak dhekat, ing jam-jam budhale bocah-bocah
sekolah utawa pegawe mesthi kebak mencep. Malah akeh wae sing mung trima
nggandhul neng lawang sing sejatine banget mbebayani. Ning ya piye, mbok menawa
timbang tekan nggaweyan utawa sekolahan keri/telat. Mula direwangi nggandhul ya
dha dilakoni.
Kaya dene bis kota sing tak tumpangi wektu
kuwi, lakune nggremet merga kakehan penumpang. Ewadene ing sadalan-dalan kenek
isih bengak-bengok tawa, mangka njeron bis wis jejel riyel.
Bis sing wis nggereng-nggereng kabotan
penumpang mau, sedhela-sedhela mandheg, saperlu ngunggahake utawa ngudhunake
penumpang. Wis jan ora ana nikmate babar pisan kanggone penumpang, sing
lungguhe tansah terus ditetel kuwi.
Sopir lan kenek sing dipikir rak mung
daya-daya entuka dhuwit akeh, ra tekan nggon mikirake kenyamanane penumpang.
Ya begjaku, dene wiwit
munggah mau, aku entuk jejeran bocah ayu. Senajan lungguhku jejer, ora bisa nyawang mat-matan, ning yen mripatku nglirik jam ?
aku kudu kepingin weruh terus bagiyan-bagiyan awake.
Wiwit saka sikil sing kuning mulus, kanthi
kuku dikitek abang getih, njur tangane, sing drijine mucuk-mucuk ri uga diabang
kukune. Eman, aku mau munggah kok ora gage kenalan.
Awit bocah mau lagi katrem maca koran, sing
sajak asyik banget. Mung rambute sing ketel njanges ireng kuwi, angger-angger
nampegi raiku kena isise angin jroning bis mau, nambahi nikmatku.
Aku bisa ngrasakake segere ganda parfum sing
dienggo bocah kuwi, cetha dudu parfum murahan sing bisa marahi neng sirah
mumet.
Saking notole olehku kepingin kenal, tak
bukani pitakonan sing dheweke bisa ngalihake olehe maca.
?Wonten kabar ingkang hangat, mbak??, ngono
pitakonku timbang anem mundhak diarani lara gomen.
?Kabar pembunuhan semakin menjadi, mas?, ngono
wangsulane cekak. Bar kuwi bali maca maneh.
?Wih ? angkuhe bocah iki, dupeh ayu, njur jual
mahal.? Pancingan pitakonan gagal, wong nyatane ora ana tanggapan lan
kawigaten. Ning dudu aku Suwarto sing kondhang gawe lakon, yen nganti ora kasil
nelukake cah ayu sing mung siji iki. Aku bali muter utek, nganggo cara piye,
supaya bocah iki gelem nggatekke aku. Bareng wis entuk bahan gage ndak uncalake
pitakonan maneh neng dheweke :
?Mbak, prastawa Rano Karno kenging musibah
punika sampun mlebet koran dereng??, pitakonku serius. Kontan dheweke leren
olehe maca njur nyawang aku kanthi nanjakke karo takon :
?Rano Karno bintang film kondhang punika, ta
mas ? Kandha ngono mau karo ngulungake koran sing diwaca marang aku, karo
mangsuli :
?Kok dereng, mas, wonten mriku dereng dipun
muat,? kandhane.
?Lajeng kenging musibah punapa, mas, Rano
Karno ?? cah ayu mau ndhedhes kepingin ngerti.
?Dhawah saking bis mbak? wangsulanku ngglayem.
Mangsoa dimot, sebab pawarta mau ora bakal ana, awit kabeh mau mung pangreka
dayaku murih bisa kenal becik karo dheweke.
?Rano Karno dhawah saking bis kota wonten
pundi, mas??, bocah mau isih ngoyak terus.
?Wonten Jakarta, mbak, ning kula kinten mboten
badhe kababar ing koran, amargi kedadosan punika pancen kajarag.?
?Lho kok aneh, mas, kajarag kados pundi ?? Uh
kena pancinganku, jebul bocah iki akeh guneme, kemrecek kaya grontol wutah ora
kena diselani. Tiwas mau tak sengguh angkuh. Gage aku mangsuli karo ngguyu.
?Inggih mbak, amargi menika rak namung nuruti
skenario sinetron.? Si Dul Anak Sekolahan? ingkang kaping kalih.? Krungu
angsulanku mau, cah ayu mau kontan njaguri pupuku, ndadekake bungahku. Wusana
dheweke takon :
?Mas ini kayaknya wartawan ya ?? ngono
kandhane nganggo basa cakecandhake.
?Bukan?, kandhaku gedheg.
?Kalau bukan wartawan, pengarang ya ??. Aku
gedheg maneh, ndadekke cah ayu kuwi ngguyu karo kandha :
?Apa malah perayu, mas ?? Aku nyawang dheweke
tajem. Uh jebul ayune uleng-ulengan bocah iku. Yen ngguyu dhekik pipine, untune
rintik-rintik rapi rinengga janggut nyanthik, lan lambene ? ah, aku dadi
nglameti lambeku dhewe. Ngerti olehku nyawang nanjakke, cah ayu mau kecipuhan
anggone ngendhani panyawangku, saya nambahi gregetku. Dheweke njur kumlawe
nganggo epek-epeke nutupi raiku karo kandha :
?Uwis mas, lehe mirsani, ndhak sesuk njur jeleh,?
kandhane. Epek-epek tangane tak cekel banjur tak remet-remet, cah ayu mau
meneng wae mung pitakone ndedhes terus.
?Mas, mbok ngaku, penjenengan kuwi ngastane
neng ngendi ?? jawabku :
?Penganggur, mbak, sekaligus pelamun.? Cah ayu
mau gage nyaut :
?Ta rak tenan, penjenengan mesthi, nek dudu
wartawan ya pengarang, loro-lorone Kuwi ora bisa dipisahake, mas, mbok ngaku ta
!?. Sidane aku ngaku, wong nyatane wis kepojok ora bisa menggok lan
nutup-nutupi maneh :
?Iya mbak, aku pancen nduwe andhil minangka skenario
ing sinetron Si Dul Anak Sekolahan? aku ngaku jujur.
?Mula, mas, ra mungkin wong lagi kenal kok wis
ndang nakokke kahanane bintang film sing wis kondhang yen ora ngerti seluk
beluke.? Kandhane cah ayu rumangsa menang.
?Oh iya mbak, awake dhewe rak durung kenalan
ta ? Jenengku Warto.? Kandhaku karo ngathungake tangan. Cah ayu mau nampani
tanganku digegem kenceng karo nyebut jenenge :
?Ningtyas.? Sawise padha meneng-menengan
sedhela aku takon :
?Daleme ngendi mbak ??
?Aku Semarang mas, kuliahku mbiyen neng Yogya,
ning saiki wis rampung, saiki aku reka-reka nerusake pakulinane ibu, dagang
bathik adol lan kulakan sing kerja sama karo bulikku sing neng Yogya. Nek
penjenengan, mas ?? Ningtyas genti takon.
?Asalku mono Sala mbak ? ah kok mbak, nek aku
ngaturi Jeng ngono piye, kersa ta ?, wong nyatane tuwa aku.?
?Wis kono sak kersamu, mas, wong diundang Ning
ngono wae, aku ya gelem kok.? Kandhane polos.
?Asalku Sala jeng Ning, ning rampung sekolah
aku njur ngumbara neng Jakarta, katut omku sing ngasta neng penerbitan surat
kabar sing wis bonafide, wiwit tahun sewu sangangatus sangang puluh wolu. Omku
wiwit enome pancen seneng neng jurusan jurnalistik, sing njur kersa nuntun aku
neng bidhange.?
?
?Njur njenengan neng
Yogya iki arep tindak ngendi, mas ?, Ningtyas takon.
?
?Mung arep neng nggone
kanca lawas Jeng, Yogya akeh pakar-pakar sastra sing pinter gawe crita,
jeneng-jeneng lan novele aku nganti apal.? Wangsulanku blaka. Jeng Ningtyas
sajak isih arep kepingin crita akeh, ning embuh sidane kok kandheg sajak mangu-mangu, wusana aku sing malah
takon :
?Jeng, kapan awake dhewe bisa ketemu mirunggan
? Senajan lagi wae kenal rasane kok kaya wis kekancan lawas. Sliramu baud crita
lan aku rumangsa seneng kekancan karo sliramu.? Kandhaku tulus. Ningtyas ngawaske
aku karo mesem,njur takon :
?Sing marahi seneng nggon ngendi, mas ?? Aku
dadi salah tingkah lan klicutan entuk pitakon kaya ngono kuwi. Mula wangsulanku
sak kecekele :
?Sing marahi seneng ya kabeh, luwih-luwih
sliramu sing sulistya kuwi. Wiwit aku weruh sliramu munggah bis mau, atiku kok
njur tansah pingin nyawang sliramu terus. Denea sliramu pinaringan rupa ayu
sing sampurna. Iba begjane mbesuk sing kagungan ya, Jeng.? Kandhaku tulus,
merga atiku pancen kandha ngono. Ningtyas ngawaske aku mesem njur kandha :
?Aku dhewe ya gumun je, mas, bareng aku wis
ngobrol karo penjenengan, atiku kok ya njur ketuwuhan rasa seneng. Ning
penjenengan rak ora ngagem guna-guna aji pengasihan, apa jaran goyang ta, mas
?, pitakone karo nyekikik, sing njalari atiku saya gregeten kepingin nyiwel
pipine sing dhekik nggemesake kuwi.
Ning bareng aku eling neng njeron bis kabeh
ndak ampah, kanthi ora diweruhi penumpang liyane, Ningtyas ndak jiwit cilik
iringan pupune.
Dheweke njingkat ning ketok yen seneng.
Gandheng wis mlebu Yogya, aku sing rumangsa durung marem ngobrol karo dheweke,
aku mancing takon :
?Nek sing sliramu jujug daleme bulik, njur
ngendi kampunge, e sapa ngerti aku bisa nggoleki sliramu mrana Jeng ??.
?Daleme bulikku Tamansari, mas, ning
penjenengan ora sah rawuh rana, bulikku kuwi watake seneng praduga, mengko
dikira0 aku cah sing seneng kangsen-kangsenan karo priya.? Kandhane Ningtyas
elik-elik kekarepanku, kepingin nemoni dheweke. Ning sidane, dheweke njur
kandha maneh :
?Ngene wae pa, mas, yen penjenengan kepingin
nemoni aku ?? Ningtyas meneng mikir. Gandheng atiku selak notol, gage aku
ngoyak takon :
?Iya wis Jeng, aku manut ketemu neng ngendi
aku ndherek, angger diparingi ancer-ancer utawa alamat sing gumathok, mengko
mesthi ndak goleki.?
?Iya, mas, nek ora kleru baliku suk emben dina
Kemis, dadi aku rong ndina ana Yogya, gandheng aku dititipi ibu nebus resep,
entenana wae neng apotik ?Sumber Waras? kira-kira jam loro awan neng Jl.
Wonosari, awake dhewe ketemu ana kana. Piye ?? Ningtyas aweh keterangan.
?Ngono ya becik, pokoke sapa sing teka dhisik,
ngenteni.? Bubar kandha ngono, njur gage aba sopir :
?Pak sopir kiri, pak !?. Bis minggir njur
mandheg, Ningtyas nyangklong tase ngadeg njur siap arep mudhun ndak tutke
kanthi mripatku sing kamitenggengen.
Mudhune wong ayu Ningtyas, gawe growahing
atiku. Atiku sing mau kebak kembang-kembang endah, saiki dadi angluh lan pepes.
Upama bocah cilik mono, pindhane direbut dulanane, sing lagi nedheng-nedhenge
disenengi. Mesthi wae beka lan nangis.
Gandheng aku jaka sing wis diwasa, growahing
atiku ndak samudana. Isih ana saplethik pengarep-arep, yen rong ndina maneh aku
bakal bisa ketemu karo dheweke. Grayah-grayah, aku reka-reka mbukak Koran sing
mau diulungake Ningtyas marang aku. Ning ya kuwi mung ndak enggo wangun-wangun.
Wong mocoa ya ora ana sing nyanthel neng utek utawa pikiran. Sing ana mung
wewayangane wong ayu Ningtyas, sing tansah gumawang neng pardo ning netra.
Nganti bis mandheg neng Terminal Umbulharjo,
aku lagi sadhar yen wis entek rutene. Aku melu-melu penumpang liyane
klunuh-klunuh mudhun kanthi tanpa tujuan. Acaraku sakawit, sing arep nekani
omahe kanca-kanca pengarang dadi ambyar, merga tekane widadari sing ora
kenyana-nyana kuwi.
Ah, pancen kok, urip mono aneh. Mula saiki aku
ora nggumun, yen ana wong sing uripe wis diprogram ? dirancang tharik-tharik,
ning gagal. Iki wae aku saka ngomah mung ngrancang tilik-tilik kancaku lawas
saka sanggar kayata : Ay. Suharyono, Krisna Miharja, Ardini Pangastuti, Rita
Nuryanti, Widi Pratiwi, Indria Siwi, sing tulisane wis sasat angger irung
ngerti lan padha disenengi.
Klitih-klitih metu saka terminal bis, aku wis
ditawani taksi, becak, sing pating craek, ning ora tak gape. Aku ngunyluk mlaku
sing tanpa tujuan, embuh mengko tekan ngendi, aku dhewe ora ngerti.
Aku pancen wis diwasa, wong umurku wis ngancik
wolu likur taun, ning aku durung tau ketaman rasa sing kaya ngene iki. Mangka
sasat saben ndina, aku srawung wong-wong ayu (para seleberitis), sing padha
ngayahi main ing sinetron sing aku melu nangani.
Apa ya ngene iki ta, sing diarani gandrung
karo prawan utawa jatuh cinta ngana kae ? Ah ? ya embuh.
Sing cetha, kabeh kekarepan sing tak
gantha-gantha saka ngomah pingin kangen-kangenan karo kanca lawas dadi ambyar.
Ganti gawang-gawang lelawane sang ayu anyar katon, sing kumantil neng telenging
pikir, sing angel ndak kipatake.
Sidane aku njur neng Suryabrantan njujuk neng
daleme budheku nak sanake ibuku. Neng kana ana mas Wawan, putrane sing isih ana
S.M.A. bocahe pinter nggitar lan nyanyi, wis pokoke serba bisa. Nyanyi apa wae
bisa.
Apa maneh yen gitare disetel banjaran, njur
lagune lagu-lagu langgam utawa kroncong, jan ? neng ati bisa nganyut-anyut ?
rumesep neng sanubari. Ya iki sing bisa njur malah nggugah atiku aku daya-daya
inggal cepet kepingin ketemu Ningtyas.
Dina sepisanan aku neng nggone budheku,
dikancani Wawan, aku bisa neng Nitiprayan nggone mbak Widi Pratiwi, njur neng
Pirak nggone Mas Krisna, lan dina sing kaping pindhone, aku neng Kotagedhe
nemoni mbak Ardini sing putrane pancet lagi siji wae kuwi, durung tambah.
Gandheng wis kangsen karo Ningtyas, mula
nemoni kanca-kanca liyane ndak batalake dhisik, merga atiku selak kemrungsung.
Saka nggone mbak Ardini jam rolas, mula aku pamit budhe lan Wawan yen arep bali
mulih menyang Sala.
Aku emoh diterke tekan terminal, alasanku arep
mbecak wae, ngiras nglaras wis suwe ora numpak ecak.
Tekan ndalan gedhe aku ngawe taksi. Pamitku
karo budhe pancen mulih, ning sopir taksi tak duduhi alamat Apotik ?Sumber
Waras? ing Jl. Wonosari kok njur manthuk ngerti, mula aku gage munggah, taksi
nggeblas tumuju alamat sing tak tuduhke.
Ora suwe taksi mandheg presis neng ngarep
apotik, aku banjur mudhun. Saka kadohan ndak sawang, apotik kuwi pancen gedhe.
Barang cetha kaya pitudhuhe Ningtyas, aku banjur nyedhak, ngawaske wong-wong
sing padha ana ing kono siji-siji tak jingglengi, ning aku ora nemokke dheweke.
Bareng aku ndeleng jam tanganku pranyata lagi
jam siji seprapat, mangka kangsene rak jam loro, ateges aku sing teka luwih
gasik. Aku banjur lungguh kursi sedhiyane wong-wong sing padha antri nebus
obat.
Mripatku tansah ngawasake dalan gedhe. Ora
suwe ana taksi mandheg lan ngudhunake penumpang, ? oh kuwi Ningtyas sing tak
tunggu-tunggu.
Aku menyat saka lungguhku terus methukke
dheweke. Bareng weruh aku, wong ayu kuwi malah mandheg lakune, nyelehake tas
gawane, aku diawe supaya nyedhak.
Ya ampun ? gawane jeng Ningtyas gedhe tur
katon yen abot. Kandhane bareng cedhak :
?Rewangi yuk, mas, iki conto daganganku batik,
sing sesuk kudu ndak setor menyang Surabaya, penjenengan mau wis suwe lehe
nunggu, mas ??
?Durung kok, jeng,? wangsulanku.
?Apa ngene wae mas,
penjenengan neng kene sedhela, aku tak ngijolke resep, dadi ora perlu
ngoyong-oyong tas iki?, kandhane jeng Ning.
?Ngono ya becik, jeng?, wangsulanku. Jeng Ning
terus mlebu apotik, saka kadohan ndak sawang omong-omong sedhela karo pegawene,
bar iku njur bali marani aku karo kandha :
?
?Mas, obat sing
dibutuhake ibu entek, sesuk wae tak golekne neng Surabaya? kandhane santai.
?Njur iki kersane arep neng ngendi Jeng??, aku takon, mergane tak sawang jeng
Ning kok sajak riwut ora tenang.
?
?Wis golek hotel wae, mas, neng kana bisa
ngobrol karo ngaso, merga budhalku rak kudu mengko pesawat terakhir sing jam
wolu take of.?
Jeneh kok ya mulih pesawat sing budhale wengi
ta, Jeng ?. Dikengsel wae rak bisa lewat tilpun, kanggo budhal sing
sesuk-esuk.? Kandhaku aweh pamrayoga.
?Ora bisa, mas, wong aku wis kebacut janji,?
wangsulane serius.
?Wah urusanmu dagang kok nguras tenaga lan
pikiran ta, jeng.? Kandhaku.
?Lha piye, mas wis kebacut, dhuwit lan dagangan
wis ana tangane wong-wong, penjenengan ora seneng, ta mas ??
?Olehe seneng ya seneng, jeng, ning mesakake
slilramu,? wangsulanku.
?Wis ayo, neng hotel ngendi lehe arep ngaso,
aku tak golek taksi,? pangajakku mbarengi tekane taksi, jeng Ning ngangkat tas
sing gage tak jaluk. Karo mlebu taksi jeng Ning aba :
?Pak, teng hotel Gadhing,? taksi banjur
budhal, aku wong loro neng njeron taksi mung meneng-menengan. Jeng Ning
polatane surem, ora ceria kaya nalika ketemu aku sepisanan neng ngebis kae.
Mlebu kamar hotel wasise wong loro nyelehake
tas diseleh ing rak, Jeng Ning terus ngebrukke awake neng dhipan karo kandha :
?Wis, mas, saiki awake dhewe bisa crita
satutuge, dhasar iki sing tak anti-anti.? Kandhane :
?Padha, Jeng, rasane cepet-cepet gek ndang ketemu
sliramu, ya notol banget neng atiku.? Kandhaku blaka.
?Wow ? yen ngono mung padha, wiwit tepung lan
weruh penjenengan sepisanan kae aku njur piye ? ngono je, mas, karo
penjenengan.? Kandhane jeng Ning karo ngguyu sajak piye ?.
Weruh untune sing rintik-rintik lan dhekik ing
pipine, aku gage nyedhak, rasane kaya kepingin nyiwel pipi sing empuk kuwi.
Jeng Ning banjur ngiringake awake, mepet
lingir dhipan lungguhku, kaya aweh lampu ijo kanggoku, tumindak sing luwih
adoh.
Lagi wae sikilku ndak angkat munggah ing
kasur, jeng Ning wis ngrangkul bangkekanku kenceng. Ndak sikep dheweke ndak
tangekake, dheweke nglendhot, sirahe diseleh ing dhadhaku kebak pasrah, karo
kandha :
?Mas Warto, iba bungahku yen aku bisa
sesandhingan ngene iki terus karo penjenengan, tanpa keganggu tugasku dagang
sing nguras tenaga lan pikiran iki.?
?Mulane ta mulane jeng, lerena bisnismu, aja
ngangsa. Pira akehe dhuwit sing wis ana tangane wong, mengko tak ganti, kuwi
rilakna !, sliramu ngasoa !.
?Masalahe ora segampang kuwi, mas.? Kandhane
Ningtyas, karo dumadakan kembeng-kembeng lan njur nrocos mripate. Atiku krasa
welas banget, saya ndak kekep kenceng ing dhadhaku karo tak ndhedes pitakonan :
?Jujur jeng, apa sliramu kejiret utawa
kejeglong utang ?? Jeng Ning gedheg tandha yen ora.
?Lha njur ngapa sliramu kok malah nangis ??
?O, mas, genea kok lagi saiki aku bisa ketemu
penjenengan.? Kandha ngono tangise saya mingsek-mingsek memelas.
Ndak elus rambute kanthi kebak soking asih,
karo takonku :
?Jeng, apa merga sliramu wis kaiket ing priya
sing ora mbok tresnani ?, utawa wis dirembug dadi, ning sliramu gela utawa ora
seneng ? Aku jeng mengko sing mberesi, merga aku pancen tresna banget marang
sliramu. Yen ora percaya, kapan jeng Ning saguh ndak lamar ?, ? sesuk apa suk
emben, aku saguh sowan wong tuwamu nglamar sliramu.?
Jeng Ning saya kenceng pangrukete neng awakku,
kaya-kaya wis emoh uwal.
?Wis Jeng ditata atine, mengko njur critoa apa
sing gawe ribeting atimu, mengko ndak rewang-rewangi mikir, angger wae aku
bisa.? Kandhaku ngayem-ayemi.
?Tenan, mas, yen
penjenengan mengko wis pirsa aku satenane, penjenengan ora bakal
gela lan gedhene ninggalke aku ??, pitakone kanthi swara nglentrih.
?Ora, jeng, tresnaku iki tulus, upamoa sliramu
wis keblasuk ing donyaning bocah nakal utawa wis nate neng papan jember, yen
sliramu kersa mertobat, kapok ora bakal nglakoni maneh, aku isih bisa ngapura,
lan nampa sliramu apa anane. Kabeh tumindakmu bakal ndak lalekake?. Kandhaku
tulus.
?Oh ora, mas, dudu kuwi. Aku ora umuk, mas,
aku iki isih wutuh kenya, aku durung nate srawung kebablasen ngladeni priya.
Senajan wis akeh sing ngarepke aku, ning atiku durung tau kecanthol karo priya
kejaba mas Warto iki. Yen penjenengan ora percaya, mas, sarehne penjenengan wis
blaka yen tresna lan bakal ngrengkuh aku dadi garwa, saiki uga bakal ndak
buktekake. Mas yen penjenengan ngersakke mustika keprawananku, saiki uga bakal
ndak caoske. Mengko penjenengan bakal pirsa yen aku nyata-nyata isih wutuh.?
Kandhane cetha.
?Oh, matur nuwun jeng, jebul kleru pndakwaku.
Pangapuramu wae ya, jeng. Ha njur apa sing marahi sedih penggalihmu ?? aku
ngambali takon. Jeng Ning meneng wae, mung ngusel-uselke sirahe ing guluku,
kaya njaluk pangayoman. Nganti sawetara meneng wae. Aku ya ora wani neter
pitakonan mundhak dheweke saya bingung. Wusanane dheweke takon maneh :
?Dadi penjenengan ora ngersakke, yen tak
caoske mustika ajining dhiriku, mas??
?Ora, jeng, aku
percaya ing kandhamu kuwi kabeh. Anggonku bakal mbuktekake, mbesuk wae yen
awake dhewe wis tinalenan ing nikah sah jroning wengi sing sepisanan. Mung
welingku, jeng, jaganen kuwi, mbesuk ngemungna aku sing mbuka
wiwaraning kori kawanitanmu kuwi.? Krungu kandhaku mau, jeng Ning bali ngruket
aku kenceng karo kandha :
?Oh, mas, ya mung penjenengan priya
seprana-seprene sing tak goleki, sing bisa ndak enggo ngayom salawase.? Kandha
ngono jeng Ning nyawang aku tajem ngemu surasa jero, banjur kandhane :
?Mas, olehku arep matur akeh sing dadi aboting
atiku, mbesuk wae ya yen wis bali saka Surabaya. Lakuku wae dongakna slamet
tekan nggone.?
?Iya, jeng, muga-muga tindakmu tansah
pinaringan slamet tekan papan tujuan,? kandhaku. Jeng Ning manthuk-manthuk isih
karo gondhelan awakku kenceng sajak eman ngeculke. Sawise mikir-mikir sedhela
njur kandha :
Apa ngene wae, mas, gandheng numpak pesawat,
rak mung sedhela, aku mengko njur nyerahke conto-conto bathik dagangan kuwi
karo bayar-bayaran. Bubar kuwi wis rampung. Sesuk aku rak bisa bali mruput
mrene maneh. Piye nek penjenengan ngenteni tekaku neng hotel kene. Mengko
mudhun pesawat, aku tak tuku tiket kanggo penerbangan sing esuk dhewe. Piye,
penjenengan kersa ? Terus terang aku durung tutug mas. Sesuk aku tak crita
akeh.?
?Ngono ya becik jeng, pokoke apa kersamu janji
bisa aku manut,? kandhaku.
?Jeng Ning njur nyawang jam tangane,
njenggirat karo kandha :
?Wis jam enem mas, aku tak siap-siap adus,?
ngono kandhane karo mlayu neng kamar mandi. Rampung adus terus dandan,
cekat-ceket sedhela wae wis rampung. Aku jan gumun karo tandange jeng Ning sing
sarwa cepet, ora kaya bocah wadon sing sareh lan aleman, yen ana ngarepe
pacare. Iki blas ora, bareng wis arep budhal, jeng Ning nyedhak aku ngrangkul
karo kandha :
?Tenan ya, mas, aku ditunggu neng, hotel
kene?, kandhane.
?Iya jeng, sing ngati-ati,? ndak aras bola-ali
jeng Ning sing ayu kuwi kanthi ati sumedhot. Let sedhela, keprungu lawang
dithothok saka njaba.
?Masuk,? kandhaku dhasar lawange mung diinep.
Bellboy mlebu aweh weruh, yen wis ditunggu taksi. Sepisan meneh jeng Ning tak
kekep kenceng sawise ndak wudhari, dheweke banjur mlayu tumuju taksi sing bakal
nggawa dheweke menyang bandhara, ndak tutke kanti panyawangku sing tumlawung.
Bengi aku ora bisa-bisa turu, lam-lamen
citrane Ningtyas sing ayu. Ning denea atiku rasane kok melang-melang lan kebak
rasa samar ?.
Lagi bareng wis kliwat tengah wengi aku lali keturon.
Tangiku wis awan therong-therong terus adus. Awak rada krasa seger, piyama sing
tak nggo turu tak copot, ganti hem lan clana njur metu lungguhan ing njaba.
Koran anyar sing gumlethak neng meja tak saut tak iling-ilingi.
Kagetku ngluwihi krungu bledheg ing mangsa
ketiga, bareng aku weruh fotone jeng Ningtyas ukuran gedhe kapacak ing surat
kabar mau. Karo ndredheg ndak waca tulisan ing ngisore, unine :
Telah tertangkap otak sindikat perdagangan
narkoba di bandara kemarin malam, dalam perjalanannya menuju ke Bali. Di dalam
tasnya terdapat heroin setengah kg, surat-surat/KTP palsu dari beberapa kota
dengan sedhabreg nama contoh : Ida Ayu Artini, Neneng Anisah, Rr. Prabaningrum,
Ayuningtyas dan masih banyak lagi.
Sejak masuk kota Yogya sudah dikuntit oleh
yang berwajib. Diantaranya di Apotik Sumber Waras, di hotel Gading, dan
akhirnya ditangkap di bandara. Sekarang sudah diamankan di kantor polisi. Dheg
? atine Suwarto njola, dheweke rumangsa ngancani sak awan neng hotel iki, ning
blas ora ngerti. Malah dheweke wis kober kecanthol atine. Warto gage neng kasir
mbayar, lan cek out wektu iku uga. Karo ninggalke hotel grenenge Warto : ?Oh ?
Ning kowe kuwi cah ayu, jebul ayumu ora tulus, ning tega ngrusak generasi
bangsa lan penerusmu.?
?TAMAT?
Cariyos punika kula kintunaken dhateng sedaya
para kadang sutresna giyaran lelangen, kanthi atur mugi ndadosna panglipur
sawetawis. Nuwun.
?
Tidak ada komentar:
Posting Komentar