Mleset Karo Sing Dikarepake
Ing kampung Wukirsari, ana omah gedhong magrong-magrong
sapinggiring dalan gedhe. Dene sing kagungan priyayi luhur asma K.R.T.
Purbonegoro, trah Kusumo saka Bojonegara. Dene tangga teparo yen ngaturi Eyang
Purbonegoro. Biyen jare ngasta direktur pabik gula ?Arum manis?.
Esuk kuwi
kaya padatan, sawise ngunjuk wedang nasgithel dikancani nyamikan bakpya isi
kumbu ireng sing mendut-mendut, Eyang Purba njur tindak-tindak ing sakubenging
daleme karo pijer metheti klangenane kutut, sing wis mruput dikereki dening
Dalijo sopire Dr. Agus, sing sok nyangkul gaweyane. Eyang Purba putri nata lan
reresik dalem njero, merga sing njaba lan dhapur wis ditandangi Inem, sing
olehe ndherek wiwit isih cilik.
Inem bocah
lola sing di itik-itik Eyang Purba sekalihan. Gandheng Eyang Purba ora kagungan
putro (gabug) mula pangrengkuhe marang Dalijo lan Inem kaya karo putrane dhewe.
Dalijo
mono bocah prihatin. Dhasar anak randha gek mlarat pisan. Mula lulus STM bag
mesin, dheweke ora bisa neruske pasinaone, ning njupuk praktise, ajar bukak
bengkel motor. Lagi arep entuk pasaran, ndadak di tari Dr. Agus, apa gelem
nyambut gawe karo panjenengane, minangka dadi sopir pribadine.
Bareng
dipikir, supaya mengkone bisa tuku alat-alat bengkel sing lengkap, lan bisa
bukak bengkel kanthi sampurna, panarine Dr. Agus di saguhi. Ya wiwit iku Dalijo
dadi sopir pribadine pak Dr. Agus.
Dene
daleme Dr. Agus iku mung sakulone eyang Purba, adu pekarangan. Dene Eyang Purba
lan kaluargane Dr. Agus iku wis kaya sedulur, mula yen wektu sela, Dr. Agus
nawakake marang Eyang Purba, sawayahe ngersakake apa ta apa, Dalijo kena
diutus.
Dhasar
Dalijo bocah sing pangerten, senajan ora didhawuhi, yen weruh gaweyane Inem
kethetheran ya sok njur direwangi. Kabeh mau mesthi wae ndadekake rename Eyang
Purba kakung putri.
Luwih-luwih
Inem, sing saiki wis mekar dadi prawan diwasa sing semok, ayu moblong-moblong.
Tamune Eyang Purba sing durung tau ngeti ngira yen Inem iku putrane Eyang
Purbo.
Ya ora
nggumunake, wong dhasar rupane ayu tur genep suba sita lan tata kramane. Mula
ya lumrah yen dadi incerane jejaka ing kampung kono, sing wis padha ngerti yen
Inem mono mung jejering abdi. Ning ya kuwi, pangrengkuhe sing di dhereki ora
mantra-mantra yen karo abdi.
Srawunge
Dalijo karo Inem rumaket, padha dene ngrumangsani yen mung kaya dene rewang
sing ndhedherek priyayi luhur lan sugih. Gandheng saben dhina ketemu lan
srawung, kakarone padha dene mambu ati.
Meneng-meneng
Dalijo wis tau blaka marang Inem, nelakake tresnane. Begjane Dalijo, dene Inem
ya nanggapi. Malah kekarone wis padha janji, yen Dalijo wis bisa keklumpuk kanggo
urip, Inem enggal arep ditembung. Inem dhewe ya janji, yen wiwit saiki bakal
nabung, dhasar sing didhereki kakung putrine ya kerep banget maringi dhuwit,
durung sing pendhak sasine.
Saiki
bareng Inem wis ngrampungi sakabehe, dhuwit blanjan bruk dipasrahake Inem.
Eyang Purba sekalihan, anane mung percaya lan marem diladeni Inem. Dhasar Inem
baut masak, di dhawuhi masak apa wae bisa, sing marahi Eyang Kakung tansah
kalegan.
Sore kuwi
dhasar mangsa rendheng, udane nggrejik wiwit awan. Siaran TV ya ora ana sing
disenengi, mula Eyang Purba malah lelenggahan sekalihan ana dalem ageng. Dene
Inem sawise asah-asah lan ngangeti jangan ya njur mlebu kamare. Lawang sajak
wis wiwit mau tutupan, mbokmenawa wae wis turu kegawa hawane sing adhem lan
atis. Eyang kakung ngendika :
?Nek arep
ngaso ya kana ta Jeng, wong nek aku isih pingin lungguhan?.
?Mboten
Kamas, kula ugi taksih kepingin ngancani panjenengan?.
?Ya syukur
Jeng, dene sliramu tetep setya bekti neng aku?.
?Mung
emane kuwi ya jeng, wis nganti umur semene, awake dhewe kok ora pinaringan
turun. Apa ya bakal cures sejarahe dhewe iki ??
Mak dheg
penggalihe Eyang putri mireng ngendikane garwane mau. Gage ature :
?Kamas,
tumrapipun kakung, yuswa seket gangsal punika dereng sepuh, kula ngertos kok,
kamas menika taksih prakosa. Mbok mangga kamas, panjenengan kula aturi krama
malih kaliyan tiyang ingkang taksih enem, supados saget kagungan turun. Kula
rila kok kamas, tiyang nyatanipun, kula tinitah dados pawestri ingkang mboten
saget nggembol tuwuh.? Ngono ature eyang putri wijang, ketara yen mrentul saka
tulusing ati.
?Ha iya ta
jeng, ning apa sliramu tenan-tenan rila lan ora lara ati ?? Wangsulane eyang
putri mantep :
?Mboten
kamas, kangge lestantuni ngtrah Purbo, saestu kula jumurung menawi kamas kersa
karma malih.?
?Apa
kira-kira ya ana wong enom sing gelem dirabi wong tuwa sa aku ??
?Khatah
kamas, awit penjenengan kasinungan drajat pankat lan semat, ingkang kenging
kinarya sarana mulyakaken wanita.?
?Apa
sliramu kira-kira kagungan wawasan jeng, wong sing sekira pantes kanggo garwa
lan bisa leladi sliramu ?? Pandangune Eyang Kakung.
? Saget
kamas, mboten usah tebih-tebih. Yen kamas kersa, Inem rak saget kaangkat
minangka garwa. Dhasar larenipun sae, mrak ati, tur mumpuni samukawis
menggahing bale wisma. Dados kula ugi mboten rugi anggen kula ndidhik lan
nggula wenthah wiwit alit.? Eyang kakung manthuk-manthuk mireng ature garwane
sing teteh mau.
?Yoh wis
Jeng, bab iki dipikir kanthi weninging ati ben ora getun ing mengkone?.
?Kamas,
yen saestu panjenengan ngersakaken turun, denea ndadak di pun rendhe-rendhe ?
Punapa malah ngentosi menawi sampun sepuh ??
?Ya ora
ngono, Jeng, karepku kuwi, apa penggalihmu ya wis siap tenan yen aku krama
maneh ??
?O Kamas,
punapa panjenengan mboten pitados ing tresna, setya lan bekti kula selami kula
dados garwa panjenengan?? Ngono aturi Eyang putri kanthi swara groyok., ketara
yen arep muwun.
?O Jeng,
aku percaya banget. Pitakonku mau ketang anggonku welas lan gedhene pangemanku
marang sliramu, supaya panggalihmu aja nganti susah?. Atur wangsulane Eyang
putri gage :
?Mboten
kamas, kula bingah menawi kamas kersa dhahar atur kula, mumpung kamas taksih
kedugi. Punapa ginanipun ngulur wekdal ? Toh sedaya wau kangge lestantuning
trah Purba murih mboten cures sejarahipun?.
?O yen
ngono aku manut kersamu, Jeng.? Eyang Kakung sumaguh. Ya wiwit iku, eyang
kakung wiwit nggatekke Inem abdine.
Jebul
tenan, bareng ditamatake Inem ora nguciwani ing sakabehe.
Dalijo
mono tugase pancen akeh, tur kabeh mbutuhake disiplin wektu. Esuk dhewe, sawise
ngresiki lan ngontrol mobil njur ngeterke sekolah Nining, putra ragile Dr. Agus
sing isih ana TK. Bubar kuwi njur ndherekke bu Agus sing ngasta mucal neng SMP
Yayasan Marsudirini. Keri dhewe ndherekke pak Agus tugas neng rumah sakit
Sarjito, lagi terus mulih. Dene yen Dr. Agus sok rapat neng luar kota, Dalijo
cukup ditimbali ngagem HPne, awadene yen isih ana wektu mesthi neng daleme
Eyang Purba, kejaba bisa ketemu Inem, ya cawe-cawe gawean apa sing isih kether.
Semono uga
wayahe methuk, esuk dhewe Nining, njur bu Agus, sing keri dhewe kakunge.
Sanjabane tugas kuwi, Dalijo di dhawuhi reresik dalem lan kebon sethitik sing
kebak taman kuwi. Dene mbok Giyah abdine, nglethek ana ndapur masak lan
ngumbahi.
Ing wektu
sela rampung masak, Inem sok nylingker mara neng daleme Dr. Agus. Yen Dalijo
ora katon neng njaba mangka mobile ana, Inem langsung nggoleki neng kamare sing
kepernah mburi garasi mobil. Kamar kuwi mligi kamare Dalijo, mula ya ora tau
ana wong mlebu. Inem sok nggawakake apa sing di masak, jare ben kekasihe melu ngrasakakae
masakane. Yen ana jroning kamar, wong loro bisa tutug ngesok kangen, pacaran
sing ora diweruhi sapa wae.
Saya suwe
Inem saya pinter golek wektu kanggo ben bisa tetemon karo Dalijo gegantilaning
atine. Kosok baline Eyang kakung, rasa asihe marang Inem saya dikatonake. Saiki
Inem saya kerep banget diparingi dhuwit, endi sing di dhawuhi kanggo tuku
jarit…….. klambi lan ya apa wae sasenenge Inem.
Rekane
Eyang kakung mono arep slintren, yen peparing diarah supaya garwane ora pirsa,
ning Inem saben-saben diparingi malah matur Eyang putri. Gandheng sing putri
malah ndombani, mula ngendikane:
?Wista
Nem, yen diparingi apa-apa kuwi tampanen wae, ora sah matur aku. Kuwi rak
tandha tresna. Karo maneh, mbok apa wae sing diparingake karo kowe kuwi, aku
rila kok?
?O…..yen
ngaten matur sembah nuwun sanget, Yang?. Ature Inem lugu. Eyang putri wis wiwit
seneng panggalihe, dene kakunge wiwit bisa nyedhaki Inem. Niyate malah arep
digolekke kalodhangan, ben Kakunge bisa mbujuk Inem, supayane mengko gelem
nanggapi kersane garwane, gelem dirabi.
Eyang
putri penggalihe selak notol banget, muga-muga kakunge mengko bisa kagungan
turun senajan liwat Inem.
Saiki
Eyang putri kerep pamit tindakan adoh pawadan titik sedulur, kepara sok
nyimpeng barang. Inem di wanti-wanti aja lunga-lunga kudu tunggu omah. Eyang
putri mono bekti banget marang kakunge, seminggu sepisan mesthi digawekake jamu
kagem njaga kesarasane.
Dina kuwi
wiwit awan Eyang putri wis ngendika yen sore mengko arep rewang neng sedhereke
sing ewuh, kondure sesuk. Sak durunge tindak, eyang putri wis ngracik jamu
ninggali kakunge kaya padatan. Sawise dadi banjur di aturake karo matur :
?Kamas,
anggenipun ngunjuk mangkeh dalu kemawon menawi badhe sare. Punika istimewa lho,
kula tambahi mrica, pala, maben lan ginseng, mangkeh sareni pun rak sanget
sekeca?
?Yoh….tak
trima ya Jeng! Sliramu yen rewang aja ngaya, aja nandangi sing abot-abot? ngono
welinge marang garwane.
Saungkure
Eyang putri tindak rewang, Inem njur ning kamar mandhi ngumbahi, rekane nyuda
kumbahan esuke. Rampung ngumbahi njur nonton TV nglosot neng karpet kaya
padatan.
Let
sedhela mlayu neng kamar mandi meneh karo hoak-hoek kaya wong mutah-mutah.
Eyang kakung nyedhak karo ngendika :
?Gek kowe
masuk angin, Nem?, Jeneh bengi-bengi kok ngumbahi ! Gilo iki ana obat gosok
nyoh…… nggo mblonyo awakmu?. Ngendikane Eyang kakung karo ngulungi bangsane
balsem. Inem nampani lan banjur digosok-gosokake ing gulu lan dhadhane.
Ora
kejarag Eyang kakung pirsa jamu neng nduwur rak-rakan buku cedhake lenggah njur
dhawuh :
?Nem jamu
iki wae ombenen, racikane Eyangmu putri mau. Penak kok, neng awak anget tur
mari kesel-kesel?. Karo ngendika, Eyang kakung ngulungake gelas jamu mau marang
Inem.
Gelem ora
gelem kedaya saka wedi, jamu ditampani banjur di ombe glenggeng. Pencen ya enak
wong madune akeh. Inem bali nonton TV, ning let sedhela lar-ler ngantuk. Wusana
ujur matur :
?Kula tak
tilem inggih Yang kung, raosipun kok mbliyut sanget.? Inem menyat ngadeg, ning
senggoyoran. Eyang kakung pirsa gage di dhabyong lumebu kamare. Lagi wae tekan
kamare Inem trus ngebrukke awake neng dhipan terus merem… turu pules. Eyang
kakung ndangu werna-werna wis ora diwangsuli, dinyet-nyet pilingane ya meneng
wae. Ngono mau nganti sawetara, Inem tetep turu nglintek di tunggoni Eyang
kakung lenggah ing sandhinge.
Nyawang
turune Inem sing mung niba ora mapan kuwi, mlumah, sing tangane sumeleh ing
bantal kiwa tengen, ambegane sing langsam, ndayani dhadhane sing nyengkil
gadhing kuwi dadi endah …… banget yen sinawang, munggah mudhun kaya
nantang sing lagi ngematake.
Oh ….
Yangkung astane bali mijeti pilingane, gulune, tangane …. Inem tetep turu pules
ora obah. Panggalihe Yangkung saiki nitir, nyawang Inem sing ayu lan sajak
mesem kuwi nyata katon sulistya tanpo cacat. Yangkung nyoba ngaras bathuke, ora
obah. Dibolan-baleni ya ora nglilir.
Nyut njur
kelingan sing wis dilakoni, yen bar ngunjuk jamu kae sewengi ya ora nglilir.
Bebasan wong mlaku neng tengah bulak, adoh lor adoh kidul mangka panase
ngenthang-enthang, njur diadhepi banyu kinclong ing ngarepe, sapa sing ora njur
kepingin ngombe sak mareme ?, mangka ya wis tau ngrasakke segere banyu sing ora
tau njelehi salawase urip. Semono uga Yangkung, sing dhasar wis ana karep
marang Inem tur di sengkuyung putrine. Kekendelane tuwuh makantar kantar.
Inem sing
wis prasasat pasrah iku, pindha cempe sing wis ana cangkeremane macan gembong.
Dianggo dolanan, di potheng-photeng, di sesep-sesep getihe nganti apuh lan
marem wis ora suwala. Yangkung eling, yen kabeh mau mung saka kersane
pribadi ateges sepihak, ning Inem rak durung karuwan yen gelem utawa rila,
merga dheweke rak kena dayane jamu sing marahi mabuk.
Mula
bareng wis marem, kanthi ngati-ati Inem dikemuli brukut, Yangkung mudhun
saka dhipan, metu lawang kamar ditutup. Banjur tumuju ing kamare, nggembol rasa
marem sing tanpa upama.
Esuke,
Eyang putri kondure saka rewang mruput, ning lawang kabeh isih tutupan. Batine
:
Geneya yah
mene Inem durung tangi ?, mangka biasane wis neng pawon. Eyang putri banjur
marani pernah kamare kakunge terus nothok jendelane alon-alon. Sing isih sare
mireng, gage wungu terus mbukak lawang. Eyang putri ngendika :
?Inem
wonten pundi kamas, wanci ngaten kok dereng tangi ??
?Jeng,
sliramu tindhak kae Inem rak njur ngumbahi, bar kuwi sajake masuk angin wong
njur mutah-mutah lan terus mapan turu. Coba wae tilikana!?
Eyang
putri ngungak neng kamar kanyata lawang ora kancingan. Inem wis nglilir ning
durung tangi, awake krasa lungkrah sing mbangeti.
Ngerti di
ungak bandarane, Inem matur :
?Nuwun
ngapunten Yang, kula masuk angin, badan kula kraos lungkrah sanget?.
?Yoh wis
Nem, ngasoa dhisik, tak nggodhog jarang kanggo unjukan lan nyeka?. Eyang putri
genti ngladeni Inem lan kakunge kanthi rasa eklas, dhasar aduwe pepinginan sing
siningit.
Gandheng
Eyang kakung priyayine jujur lan lugu, ing kahanan sepi, awane njur ngendika
marang garwane. Kabeh di ngendikakake blaka apa anane, anggone wis nyidra resmi
Inem.
Eyang
putri njinggleng anggone mirengke njur matur :
?Syukur
kamas, emanipun kok Inem mboten ngertos margi mabuk, menika namanipun kamas
memperkosa. Saenipun, Inem dipun celaki, dipun taros kanthi alon-alon. Dipun
paring-paringi barang ingkang mirunggan, ingkang ageng pangaosipun!?
?Yoh …..
yoh Jeng, bener aturmu, sesuk tak tindakne, pancen aku kleru?. Ngendikane
ndhadha salahe. Saiki penggalihe Eyang putri saya mantep, lan saiki malah
panjenengane sing peparing barang-barang mirunggan.
Inem
dipundhutake gelang, kalung, saweng, cekake diuja dhuwit. Anggone maringi mau
karo ngendika :
?Nem,
janji kowe terus leladi aku lan Eyang kakung ana kene, kowe nyuwun apa wae tak
paringi?
?Inggih
matur nuwun Yang?. Inem seneng banget atine, lan kabeh peparinge mau di
tuduhake Dalijo kekasihe.
Eyang
putri saiki saya sregep ngracik jamu, lan ya saya kerep anggone tindakan
nyipeng, ana-ana wae alasane.
Ya dina-dina
kaya ngono kuwi, Eyang kakung dadi wis apal, kaya-kaya garwane pancen aweh
kalodhangan marang panjenengane. Saiki jamu ora kagem garwane, ning diparingke
Inem karo ngendika :
Jamune
ambonen yen arep mapan turu ya Nem, supaya awakmu sehat. Jamu mau kajaba akeh
palane sing marahi turu pules, uga kanggo ngurip-urip uritan ing guwa garbane
Inem, supaya subur.
Pangarep-arep
lan pepinginane nduwe turun liwat Inem saya mbangeti.
Kaya-kaya
wis ndalan, janji bar ngombe jamu Inem njur krasa ngantuk terus mapan turu.
Kekarepane
Eyang kakung mbaleni tumindak kaya sing uwis ora kena ka ampah. Kepara sok
diambali, nanging Inem ora nglilir lan ora krasa. Eyang kakung saya ndadra,
saya kesenengen, lan saya krasa ketagihan.
Kaya
padatan, yen masak mirasa, Inem mesthi mara neng nggone Dalijo ngeteri
kekasihe. Dina kuwi ngepasi Minggu.
Dr. Agus
sak keluwarga tindakan, mbok Giyah uga ndherek, mung Dalijo sing tunggu dalem.
Kebeneran
dene Eyang Purba sekaliyan ya tindakan, dadi Dalijo lan Inem tutug tanek olehe
pacaran.
Sejatine
wis ana yen mung setengah taun bocah loro iku anggone wis keblandhangen olehe
pacaran, wis nindhakke kaya dene wong bebojoan, senajan kanthi nyolong-nyolong.
Ya ing
wektu kuwi sawise crita-crita lehe diparing-paringi Eyang putri, Inem njur
kandha :
?Kang
Dalijo, aku tak kandha ya, ning kewe aja nesu. Wis telung sasi iki kang, aku
ora wulanan ?, piye kowe kang ??
?Ha ? kowe
ora wulanan ? Oh ……? Dalijo menyat banjur ngekep Inem karo kandha :
?Ora …..
ora, aku ora nesu Nem, ning malah seneng banget. Dhuwitku wis cukup kanggo rabi
lan ajar eker-eker kanggo urip. Kapan kowe tak tembung matur Eyang Purba, aku
manut?.
?Ya
sacepete ta kang, mundhak wetengku selak ketok gedhe?.
?Yoh ….
yoh Nem.? Dalijo sumaguh. Kira-kira jam pitu sore, Dalijo sowan Eyang Purba kang
lagi lenggahan ing gandri sekalihan. Sowane tinampi kanthi kebak esem lan ketok
yen kalegan penggalihe. Dalijo sing ndhisiki matur :
?Inem
wonten Yang, kula badhe pinanggih ??
?Ana …
lhakae ana pawon?. Inem banjur ditimbali, didhawuhi lungguh. Saiki olehe
jagongan dadi wong papat. Pandungune Eyang kakung :
?Ana apa
Jo, kadingaren mung arep ketemu Inem kok ndadak matur?.
?Inggih
Yang, keparenga kula matur wonten ngersanipun Eyang Purbo sekalihan,
saderangipun matur kula nyuwun pangapunten.?
?Yoh Jo,
wis enggal matura !? Ngono dhawuhe Eyang Purbo kakung putri bareng.
?Eyang
sekalihan, sowan kula mriki, namung badhe matur, bilih Inem badhe kula suwun
keparenga bebrayan kalihan kula. Bab punika Inem ugi sampun sagah? Priyayi
kakung putri kuwi sajak kaget, Eyang putri njur ndangu Inem :
?Iya pa
Nem ?? Inem manthuk ngedhongi. Eyang putri ndangu maneh karo mirsani Dalijo lan
Inem.
?Wiwit
kapan kowe padha sesambungan ?? Dalijo mangsuli :
?Inggih
wiwit kula ndherek Dr. Agus Yang, wetawis kalih taunan. Kula tresna dhateng
Inem, dene Inem ugi nimbangi? Eyang putri ngendika semu duka :
?Genea
Nem, kowe ora matur aku ? mangka wiwit cilik sing ngitik-itik, sing nggula
wenthah kuwi aku, kowe wis ndak anggep turasku dhewe. Denea kowe sambung tresna
karo priya ora matur aku ?? Inem ndhungkluk karo mangsuli :
?Kula
ajrih Yang.? Swara groyok semu tangis. Eyang putri mirsani Dalijo lan Inem
ketok yen duka tenan karo ngendika :
?Nem, lan
kowe Dalijo !, yen bab iki upamane aku ora marengke piye ?? Inem keprungu
tangise mingsek-mingsek, …….. tangis sing di ampet. Weruh iku Dalijo thukul
kuwanene, nuli ature :
?Yang !,
Inem lan kula sampun sami diwasa, gadhah hak nemtokaken pilihaning gesang, kula
sampun sami tresnanipun, lan sampun matur kanthi sae-sae ing ngarsanipun Eyang
sekalihan. Ewa semanten menawi Eyang mboten marengaken, kula kekalih badhe
nekat ijab. Margi ing padharanipun Inem sampun wonten titah gesang umur tigang
wulan. Punika wiji kula Yang, wiji ingkang kula tanem ing guwa garbanipun
Inem.?
Midhanget
ature Dalijo, Eyang Putri njur nrocos tingale muwun, dene Eyang kakung njur
jumeneng ninggalke sing isih padha lelungguhan tunuju kamare. Ngambruk ing
dipan grenenge :
?Oh
jebulane aku kalah dhisik karo Dalijo. Inem wis ngandheg 3 sasi, mangka olehku
nyolong tumindak lagi karo tengah sasinan.?
Penggalihe
sanalika angles ….. pepes, cabar anggone ngudi tuwuh. Di tinggal Eyang kakung,
Eyang putri uga banjur nututi jengkar, nyedhaki kakunge, matur karo muwun :
?Jeneh
njenengan kok inggih mboten terus terang lajeng ngendika kalihan Inem ta kamas,
wusana mrucut ingkang kita jangka?. Eyang kakung mbalikake slirane ngrangkul
Eyang putri, uga muwun karo ngendika :
?Iya ya
Jeng, jebulane mleset karo sing awake dhewe karepke?.
T A M A T
Tidak ada komentar:
Posting Komentar