Kedhuwuren
Nalika
Tarmin ngiling-ilingi jam sing dienggo ing tangane, wis nuduhake jam rolas
kurang seprapat. Dheweke ngulet terus ngrogoh sake ngetokke rokok tujuh ename,
dijresi rek banjur diakep.
Bengi kuwi
dheweke jaga ijen, merga Dalijo tunggu mbokne sing mondhok neng Rumah Sakit.
Tarmin banjur metu saka pos jaga parkir, saperlu control. Satemene ora ona sing
perlu di kuwatirake, amarga mlebu metune wong (pengunjung) Cafe ketok
ngegla saka pos jaga kono.
Ning
Tarmin tetep ora lirwa karo tugase, jer maling mono julige kepati-pati.
?Kok
dhewekan mas Min, dhik Dalijo neng ngendi ?? Keprungu swara kenya sing banget
di apali. Dheweke noleh, jebul tenan, kenya ayu, awake mrusuh rambut sa
pundhak, kathik irunge mbangir, kulite kuning, alus lan lumer.
Sasat wong
sak Cafe Firdaus ngerti, yen Vera ya jenenge bocah kuwi, anake sawijining
konglomerat. Sing kabare wong tuwane kuwi melu dhuwe saham neng Cafe kono.
Ning jare
wong tuwane sakloron ana luar negri, ya merga tugase minangka konsultan. Dene
Vera neng kutha iki mung karo Eyang lan rewang-rewange.
Vera mono
senajan anake wong mblegedhu, ning sasat karo kabeh karyawan Cafe kono kenal
apik. Grapyak sumanak, lan murah esem. Adoh saka watak sombong lan angkuh.
Tangkebe saka karo karyawan penting, nganti karo tukang kebon lan tukang
parkir padha wae.
Mula ora
aneh yen karyawan Cafe Firdaus kono akeh sing naksir, ning ya mung mandheg neng
karep, merga ora wani nyedhaki, ana rasa ering lan sungkan.
Nalika jam
siji luwih sithik katon Vera wis metu saka Cafe, Tarmin age-age methukke karo
takon :
?Yah mene
kok wis arep kondur mbak Vera, kancamu mau njur padha neng ngendi ??
?Bocah-bocah
lagi dha goyang ngebor. Aku dhisiki mulih, merga sesuk rak ujian?,
wangsulane karo mesem ….. manis banget. Tarmin dadi munggah medhun
kalamenjinge, kanggo sawetara njur unjal ambegan. Nuli sumambunge :
?Wong
esuke arep ujian kok bengi klabping?.
?Lha wingi
aku wis nggethu sinau je mas, iki rekaku rak kanggo refreshsing ben utege ora
spaneng?. Kandhane Vera karo ngulungake karcis mobil isih diembel-embeli eketan
ewon. Nalika Tarmin lagi ubeg ngetungake susuke, Mobil Espass abang tuwa sing
disetiri Vera kuwi wis nggereng. Tarmin saya ribut karo kandha :
?Mengko
dhisik mbak, iki lho susuke dienteni?. Wangsulane Vera saka mburi setir :
?Wis rasah
mas, nggonen jajan wae, ning eling lho aja nggo ngombe? (sing maksude mabuk).
Durung
nganti Tarmin ngucapake atur panuwun, mobil wis gleser-gleser metu saka arena
parkir tumuju dalan gedhe diuntapake panyawange Tarmin nganti ilang di untal
sepining wengi.
Wis rong
taun iki Tarmin sawise ngrampungeke SMA ne njur nyambut gawe dadi tukang parkir
ing Cafe Firdaus, merga di gawa Dalijo tanggane. Ngelingi angele jaman saiki
golek gaweyan, mula pangajake Dalijo sing pancen dikongkon atasane golek kanca
wong siji maneh kuwi, Tarmin nyaguhi kanthi seneng, lan ya njur nganti tekan
saiki kuwi.
Tarmin
unjal ambegan dawa kanggo ngilangake rasa semumpel ing dhadhane, karo batine :
Pancen
penak tenan kok dadi wong sugih kuwi, sruwa-sruwi keturutan.
Kaya Vera
kuwi sekolah sagaduk-gaduke utege keturutan, kanthi tanpa mikirke wragad, isih
bisa nyambi seneng-seneng sakatoge neng papan-papan sing sarwa ngguwaki dhuwit.
O ………. kok
adoh banget sungsate karo uripku. Wiwit cilik aku wis ditinggal mati bapak,
urip karo simbok isih sekolah wis di ajak dhanyang-dhanyang buruh sakecekele,
kanggo mangan lan wragad sekolah.
Mangka
nyatane bareng wis lulus SMA ya njur macet. Arep neruske, cetha ora ana beaya,
gek nglamar wis ana yen mung limalas bendhel lamaran sing wis dikirimake,
nyatane ya ora ana siji wae panggilan sing teka.
Begjane
dene Cafe Firdaus isih mbutuhke tenaga parkir siji. Malah saiki entuk tepungan
wong ayu ……. sugih ….. grapyak tur welasan pisan.
Tarmin
rumangsa kerep banget entuk cipratan saka dhuwite Vera sing turah-turah.
Janji
mbayar parkir mobil, embuh kuwi limang ewu, sepuluh, limalas ……. blas ora tau
gelem disusuki. Anehe Vera yen teka Cafe, Vera ora njur mlebu, ning malah neng
parkiran nganti suwe, ngobrol-ngobrol karo Dalijo lan Tarmin, kadhang-kadhang
Diran tukange kebon ya melu ngglanuk ana kono.
Mesthi wae
ngono mau yen dhong sela utawa rampung gaweyane. Bareng Dalijo mbokne wis mari,
bali mlebu nyambut gawe ketemu Vera ditakoni :
?Mbokmu
larane wis mari dhik ??
?Uwis
mbak, marine bareng tak turuti karepe simbok?
?Lha
karepe simbokmu apa, dhik?. Vera ndhedhes.
?Anu mbak,
aku dikon rabi sing milihke ya mbokku kuwi. Jare bocahe kuwi dodol sayuran neng
pasar. Mbiyen mbokne bocah kuwi kancane simbok? Dalijo kandha jujur.
?Njur
olehmu arep nglakoni rabi kuwi kapan dhik??
?Aku ya
kandha mbak, janji simbok njur mari, aku ya gelem rabi ta wis?, ngono kandhane
Dalijo.
?Wah kuwi
kowe wis dadi anak sing apik banget, dhik, dene wis nyendikani dhawuhe wong
tuwa?. Nalika wis tutug lehe ngobrol, sadurunge mlebu Cafe, Vera ndudut dhuwit
atusan abang loro saka sake nyedhak Dalijo karo kandha :
?Tulung
dhik, dhuwit iki kanggo simbokmu, samangsane butuh obat utawa jamu ben ora
ndadak ngenteni mulihmu saka nyambut gawe? Dalijo nampani karo kandha :
?Trima
kasih ya mbak, mbak Vera tansah kerep maringi aku sakanca?.
?Ya
padha-padha, O iya dhik, sesuk nek kowe arep kawin, aku kandhanana, sesuk ndak
wenehi tambahan modhal kanggo calon bojomu?. Bubar kandha ngono Vera njur gage
mlebu Cafe. Saiki keri wong loro Dalijo lan Tarmin sing lagi neruske
omong-omongan.
?Ta rak
iya ta Jo, Vera kuwi bocah apik njaba njerone. Ya atine ya rupane, mangka karo
aku kuwi jan …….. apa-apa di critakke?
?Kuwi
jenenge percaya karo kowe, nyatane gelem curhat.?
?Aku sok
mikir sing ora-ora je Jo, gek-gek Vera kuwi seneng karo aku?
?Wah Min,
kuwi kowe jenenge GR, mbok aja keblabasen lehmu mikir. Vera kuwi dudu levele
awake dhewe. Pancen karo sapa wae ya nggono kuwi, grapyak, akrap …… lan ya
apikan.? Kandhane Dalijo ngelingke Tarmin.
?Ning
rakya bisa wae ta Jo, anak konglomerat seneng karo anake wong mlarat. Jaman
saiki lho Jo, sapa ngerti wolak-waliking jaman. Tur manehe, sapa ngerti, aku
duwe nasib sing becik?.
?Wah ……
wah…. wah ….. Min, elinga ya ! Kowe kuwi ngimpi mabur ya kena, ning aja
dhuwur-dhuwur, nek tiba kantep mundhak lara. Mangka sing bisa nulangi ya mung
awakmu dhewe, wong kowe sing ngimpi.?
?Jo, kabeh
mau bisa wae kelakon, jare Jalma mono tankena ingina (di ina).?
?O Min ….
kowe elinga, balia mawas dhiri, bisa wae kelakon kaya kandhamu, ning
kerep-kerepe mung tinemu ing crita filem utawa sinetron. Aku kuwi mung mesakke
kowe Min, mergane yen kabeh mau ora maujut utawa kelakon, atimu bakal gela ….
cuwa …. lara sing tanpa upama. Olehku ngandhani kuwi rak merga aku tresna neng
kowe Min, kowe wis ndak rengkuh kaya dene sedulurku dhewe. Ewadene yen kandhaku
mau malah ndadekke atimu ora seneng, ya wis aku wis ora bakal nuturi kowe
maneh?. Ngono kandhane Dalijo karo ngadek terus nglungani.
Sikape
karo Tarmin ora ngowah-owahi adat. Ning janji durung weruh Vera, saka
panyawange Dalijo, Tarmin tansah rongeh, ora jenjem lan bola-bali nyawang dalan
karo sedhela-sedhela unjal ambegan. Dalijo krasa welas lan mesakake banget karo
mitrane kuwi.
Seje karo
Dalijo, saiki sing dikandhakke olehe arep rabi wae. Nuruti karepe mbokne sing
saiki wis waras larane. Dhek emben nalikane ketemu Vera ya wis sida kandha, yen
sesasi maneh bakal ningkahan karo Tinem bocah wadon pilihane mbokne.
Vera ya
tenan-tenan kandhane kae. Dheweke aweh dhuwit sak yuta karo Tinem kanggo
nggedhekake modhale. Wiwit rampung ujiane, Vera saiki wis arang teka neng Cafe,
embuh sababe. Ora Kejarag, Tarmin ngudarasa kara Dalijo.
?Wiwit
rampung ujian kae, ketoke mbak Vera kok arang-arang teka neng Cafe ya Jo?.
Dalijo mung mesem karo manthuk wangsulane cekak:
?Kok iya,
wiwit aku diwenehi dhuwit kanggo tambah modal calonku kae, aku kokya ora tau
weruuh. Embuh nek nusul bapak ibune neng luwar negri?.
Suwe-suwe
Tarmin dadi ketok angluh, embuh nek ketaman unen-unen Love is blid ngono kae.
Atine
Dalijo mung ngrasa welas lan mesakke marang kancane kuwi. Ning arep ngapa, wong
nek dikandhani ya ora digubris. Dina Jum?at sore ana pengumuman, yen staf Cafe
tertentu ing dina malam Minggu, karyawane bakal ndherek pimpinane jagong
undhangane Vera. Dalijo wis ngerti saka kanca karyawan njero ning njarag ora
ngandani Tarmin, atine ora tekan.
Bareng
karyawan akeh sing metu pating regudug, Tarmin takon salah sawijining kanca
njero :
?Iki arep
dha neng ngendi ta mas Tanta ??
?We lha
piye ta kowe kuwi Min, genah arep dha jagong nggone mbak Vera neng hotel
Paradise jare?.
?Undhangan
apa nggone mbak Vera ??
?Jare
undhangan ulang tahun sing kaping rong puluh, ngiras ngresmekake pernikahane
karo bule Perancis?.
Dheg …..
atine Tarmin kaya diblegi watu sakentheng, awake saknalika lemes, atot bebayune
kaya dilolosi, mripate sakala kunang-kunang ngen.Wusana banjur ndheprok ing
triris pos jaga parkir. Awake kaya gombal amoh teles nglmpruk. Sirahe sumendhe
tembok, mripate nyawang mendhuwur weruh lintang pating krelip ing tawang sing
endah lan mranani. Ning emane ora bisa diranggeh lan di duweni. Kanthi lambe
kedher pengresake :
?O Vera
sing tak tresnani, jebul sliramu saiki wis adoh bangaet saka aku pindha lintang
ing tawang. Jebul tenan, aku iki mung ngimpi mabur sing kedhuwuren, wusana
bareng tiba, aku ajur sumyur dadi sa walang-walang. Obsesine Tarmin ambyar,
malih dadi siladan pring wulung sing banget landhepe, kuwawa mbeler atine sing
bisa dadi rojah rajeh tatune, lan dadheake banget perihe. Mula sing bener
pepenginan mono samadya wae, aja kedhuwuren.
T A M A T
seharusnya di beri keterangan yang lengkap biar mudah di analisis hehe
BalasHapus